SIGMA FRATERNITY

Kamis, 01 Mei 2014

Kesenian Tayub Ing Kota NGANJUK



Kabupaten nganjuk iku kabupaten cilik ing propinsi jawa timur. Nganjuk biyen iku namine anjuk lading ingkang artine”kemenangan”. Nganjuk wonten ing lereng gunung wilih amerga iku kabupaten nganjuk angsal kathah angina lan dijuluki kutha angin. Ing kabupaten nganjuk, ana padepokan kesenian tradisional yaiku kesenian tayub. Padepokan iki ana ing desa ngrajek kecamatan tanjunganom kabupaten nganjuk. Desa ngrajek iku desa asri lan penduduk ing desa iku ramah tamah lan podo nglestarikake kebudayaan daerah. Kesenian tayub ing jaman biyrn terkenal ing masyarakat daerah propinsi jawa timur. Nanging sakniki sampun mboten dikenal kaleh masyarakat amerga perkembangan kesenian modern lan anggapan masyarakat ingkang salah soal tayub. Damel benahi iku, penduduk ing desa ngrajek mbangun padepokan tayub. Ing padepokan iki, diwenehi pelajaran tari. Ing padepokan iki, kathah ingkang estri. Pemain estri ing tayub dados waranggono. Pemain estri niki saklintune pengen nglestarikake kesenian daerah uga pengen penghasilan ingkang cukup kathah. Nanging, sakniki uwong tuwo nglarang putrine ingkang kapingen dados waranggono.amerga, kesenian tayub ing masyarakat dianggep ala. Sakniki, kesenian tayub mulai mboten terkenal ing masyarakat amerga jumlah waranggono saithik. Mula iku, kita kudu nglestarikake kebudayaan tayub nganjuk supaya iso dikenal terus ing masyarakat jawa timur.


Penulis : Dhimas

Tradisi Siraman SEDUDO Ing NGANJUK


Sedudo iku tempat wisata banyu ceblok sing enek ning desa Ngliman, kecamatan Sawahan, kabupaten Nganjuk, Ning kenek biasane diadakno tradisi SIRAMAN SEDUDO. Tradisi utawa budaya siraman ing sedudo iku sebenere budaya sing wis suwi lan tetep dilakoni sampek saiki. Tradisi siraman Sedudo iku sebenere tradisi sing dilakoni wong-wong sing percaya yen ado ing sedudo pas wayahe suro bakal awet enom yen ngatasi rasa cenggur. Akeh wong-wong sing teka ning sedudo guna arep rekerasi lan ados ning banyu ceblok karo ndelok pemandangan sing apik. Tradisi iki biasane dilakoni setahun pisan yaiku pas wayahe wulan SURO.

Penulis : Dhimas 

BUDAYA BOYONGAN ing Kota NGANJUK (Tradisi ngilengno Cikal Bakal Nganjuk)


Budaya boyongan iku tegese pindah panggonan yoiku ritual sing dilakoni pemerintah Kabupaten Nganjuk saben tahun. Tradisi kuwi biasane dilakoni pas wayah dina jadi Nganjuk karo ngilengno pindahe pusat administrasi sing sak durunge ning Kabupaten Berbek malih dadi Kabupaten Nganjuk. Sak urunge kuwi Nganjuk cumak dadi panggonan distrik amargo panggonane Berbek sing ora strategis lan cedeke lereng gunung Wilis iku nyebabake kuto Berbek ora iso maju nanging sak joke Nganjuk di liwati rel sepur Surabaya-Solo Nganjuk dadi maju pada tahun 1880 iku mulane Budaya Boyongan sing mindah pusat administrasi Berbek dadi ning Nganjuk. Sing melu boyongang yoiku wong-wong penting kabupaten lan wakil-wakil kecamatan. Saben kecamatan sing melu ritual iki kudu nggawe sego kuning sing apene diarak marang alun-alun Nganjuk.



Saben sego kuning iku variasine beda-beda iku nandai yen saben kecamatan iku beda-beda nanging tetep siji. Sawijine ning alun-alun Nganjuk para warga padha rebutan sega kuning amarga di percaya iso gawe wong luwih maju maneh.

Penulis : Dhimas 

BUDAYA NYADRAN ING NGANJUK

Nyadran utawa Sadran loro karone saka basa sansekerta saka tembung Sadra sing sakteruse merga rejone jaman malih berubah lesan.Nyadran utawa Sadran.tembung sadran duwe arti ziarah kubur, Sawijining kabudayan ing masyarakat jawa ketjaman hindhu-budha ing nagari iki. Tradisi iki wis dilakoni masyarakat atusan tahun kae sampek saiki.
Iku sebabe ing acara nyadran meh kabeh warga melu nglaksanaake tanpa mbedaake status lan agama sing di anut.



Tradisi nyadran diadakne jupuk dino jumat pahing utawa jumat legi,ing sasi babar panen pari. Ngawiti deretan upacara tradisi nyadran, diawiti slametan neng makam eyang juru kunci sing pancen cikal bakal leluhur. Isih ono rentetan upacara tradisi nyadran, puncake acara warga slametan ing griyo lurah utawa balai desa, duyun duyun warga pada ngusungi jolen, budale saka omah omah warga diiringi kesenian tradisional menyang balai desa. Tapi saiki, acara nyadran wis di campurake karo acara-acara kesenian tradisional.



Koyok kesenian jaranan,wayang,campursari,iki tujuanne ben masyarakat iso ngenal lan gak ngelalekake kesenian tradisional. Tiap tahune nyadran dadi tradisi rutin sing gak ditinggalake karo masyarakat nganjuk.

sumber foto : afrikerenz.blogspot.com

Penulis : Dhimas